Bima Bungkus
Jejer ngastina, duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunthi jalaran lahire
ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah Bungkus.
Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah Bungkus, sandyan amung lelamisan, bakune
rasa nyirnakake si Bungkus. Wisiking dewa sang Bungkus den bucal ing alas
Krendawahana. Ing pertapan Wukir Retawu, Begawan Abiyasa kasowanan Raden
Permadi kang kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kados pundi
nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang
sae, bab menika Eyang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa
kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni
karmane, ing tembe kakangmu Si bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh
apa kang sinebut wahyu jati…."
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra Sang Batara kang
awujud gajah, kinen mecah Si Bungkus saengga dadai sejatining manungsa. Sang
Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang Si
Bungkus.
Purna anggene peparing kawruh marang si Bungkus, Dewi Umayi aparing
busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping,
gelang, porong, lan kuku Pancanaka.
Salajengipun, Gajah Sena mbuka Bungkus. Pecahing bungkus dados
sapatemonan kekalihipun, kagyat dados
lan perangipun. Binanting Sang Gajahsena. Sirna jasad sang Gajah. Roh lan daya
kekiyatanipun manjing jroning angga sang Bungkus.
Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sapa?”
“Perkencong, perkencong warung doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lair awujud bungkus, lan kersaning Dewa sira kudu dadi satriya utama…., lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
“Perkencong, perkencong warung doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lair awujud bungkus, lan kersaning Dewa sira kudu dadi satriya utama…., lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang
Bratasena kinen nyirnakaken raja raksesa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta,
lan Kala Ranu. Para Raseksa sirna. Sekawan kekiyatan saking raksesi wau nyawiji
marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Bayu (angin), lan
Banyu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar