Dewa Ruci
Madeg karaton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra
mabrepe, Duryudana, Patih Sengkuni, lan Panadhita Krepo. Surasane rerembugan
ana gandheng cenenge karo peprentah Astina ing tembe mburine marang Kurawa,
ngengeti para Pandhawa wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke
bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk
Prabu Dhestarasta, supaya hak tumrap keprabon lan karaton Astina tetep dadi
duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan keraton dibalekake marang Pandhawa,
kepiye nasibe Kurawa kang acacah satus bocah. Sawijine cara yaiku ngelongi
kuwatane pandhawa. Amarga kekuwatane Pandhawa dumunung marang Bima, mula Bima
kudu disingkirake.
Dene ing keputren Aabu Dhestarstina, Dewi Gendari mahargya rawuhe Prabu
Dhestarasta. Dewi gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana dadi
ratu Anom ing Astina. Prabu Dhestarasta ngendika lagi digolekake wektu lan
wayah kag trep supaya ora nuwuhake congkrah karo Pandhawa. Dewi Gendari aweh
panemu Pandhawa kudu disingkirake supaya keprabon Astina tetep dadi duweke
Duryudana. Prabu Dhestarasta nerangake lamun panemune Dewi Gendari wis kamot
ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane Pandhawa.
Sabanjure Duryudana lan Sengkuni nganakake pasetemon karo Dursasana,
Kartamarma, Citrayuda, Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih
Sengkuni nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo
nyingkirake Bima. Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora
ngelok-ngelokake langsung para Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya
ngerahake Kurawa menyang Sokalima. Menawa Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki
Bima, KUrawa kudu tumindak cekat-ceket. Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima.
Duryudana lan Sengkuni banjur budhal disusul Kurawa liyane.
Lagya kang ana ing pertapan Sokalima. Pandhita Durna kaadhep deneng anak
siji-sijine, Aswatama. Ora let suwe Durydana lan Sengkuni teka. Sawise
ngabarake kaslametan, Duryudana ngandhakake niyate njaluk pambiyantune Begawan
Durna supaya nyingkirake Bima. Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang
Kurawa. Wiwitane Begaan Durna kabotan. Nanging Duryudana lan Sengkuni ngesuk
kanthi cara ngundhamana dedununge Resi Durna ing Astina ora ucul saka lelabuhan
lan lomane Prabu Dhestarasta. Kasurung saka utang budi, Resi Durna tundhone
saguh mujudi panjalukane Duryudana.
Sawise sengkuni lan Duryudana lunga, resi Durna banjur nyeluk Bima.
Kanthi alesan kanggo ngluhurake Pandhawa, Bima dikongkon golek banyu panguripan
Tirtapawitra menyang Gunung Candradimuka. Bima sanggup banjur enggal-enggal
budhal.
Nalika semana ana ing pinggire gunung Candradimuka. Ing perenge gunung
Candradimuka nalika Bima ngembrukake wit-wit gedhe dan njegol watu-watu gedhe
nggoleki Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala.
Kalorone buta mau nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka
lan Tirtapawitra ora ana ing gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu, banjur dadi
bandayuda. Amarga saka ampuhe kuku Pancanaka. Bima kasil mateni Rukmuka lan
Rukmakala. Sawise mati jasade badhar dadi bathara Indra lan bathara Bayu.
Bathara Indra nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung
Candradimuka. Bima didhawuhi bali ngadep marang Resi Durna jaluk katrangan kang
cetha dununge Tirtapawitra. Bima manut, bali menyang Sokalima nemoni Resi
Durna. Dene Batara Indra lan Batara Bayu bali menyang kahyangan.
Gumelar ing ereng-erenge gunung Candradimuka. Arjuna lan Yamawidura
ketemu karo rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake pasulayan.
Arjuna lan Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Nalika kedhesek, Bima teka
langsung mbiyantu ngoyak Kurawa. Bima ngomong yen Tirtapawitra ora ana ing
gunung Candradimuka. Katelune banjur pisah, bima menyang Sokalima lan Arjuna
bali menyang keputren Astina nemoni Dewi Kunthi lan kulawarga Pandawa liyane.
Ing pertapan Sokalima, Resi Durna nampa tekane Bima. Kanthi ringkes Bima
ngandhakake lamun Tirtapawitra ora ana ing Gunung Candradimuka. Dheweke uga
ketemu karo buta loro panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu. Dewe kalorone
ngendika ing Gunung Candradimuka ora ana sing jenenge Tirtapawitra. Resi Durna
ngandhakake, dheweke dhawuhi Bima menyang Gunung Candradimuka mung kanggo nguji
kesabarane Bima. Amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saka iki
dheweke nuduhake panggonan mapane Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima
langsung pamit arep tujumu menyang segara kidul.
Gelare keputren Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan
Yamawidura. Yamawidura ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing Gunung
Candradimuka. Bima durung kasil nemokake Tirtapawitra, mulane dheweke bali
menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Ora let suwe Bima teka. Bima nyuwun donga
pangestune ibu kan seduluru arep nggoleki Tirtapawitra ing dhasare samudra
cundhuk karo dhawuhe Resi Durna. Dewi Kunthi, Puntadewa, Yamawidura, lan Arjuna
mbudidaya galang-ngalangi Bima Supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra.
Dewi Kunthi ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadaya Resi
Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane,
lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru
kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing
dhasaring samodra. Dewi Kuthi dawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati
lakune Bima.
Ing dhasare samodra ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan rame dumadi.
Kalorone mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhoning pasulayan, Bima mateni
ula kuwi, nanging dheweke uga semaput kena gitikane buntut ula mau. Bima klelep
tekan dhasare samodra.
Katon dewi Ruci lagi pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane
Bima njegur nganti ing dhasaring samodra. Bima jlentrehake, yen dheweke
nindakake dhawuhe gurune, Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan
Tirtapawitra. Dewa Ruci nerangake, dene Tirtapawitra ora mapan ana ing Gunung
Candradimuka, apa dene ing dhasare samodra. Tirtapawitra sejatine mapan ana ing
dhiri pribadine Bima Dhewe, kang wujude inti niyat kanggo tumindak jujur lan
berbudi luhur, sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane. Nindakake
kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapadhane kaya dene tresna marang awake
dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk ajaran/wejangan babagan ilmu kasampurnan, ing
antarane njlentrehake babagan asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan
tataraning dumadi. Bima banjur didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo
ibune lan sedulure, amarga isih akaeh kewajiban kang kudu ditindakake.
Ana kekadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu
maneh karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis
ing pinggire samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna
lan Yamawidura. Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka jeroning
samodra. Ngreteni Arjuna lan Yamawidura dikroyok kurawa, Bima banjur
cekat-ceket mbiyantu. Kurawa oara bisa nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh
pada mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali menyang
Astina.
Nalika semana madeng kaputren Astina. Dewi Kunthi kaadhep dening para
putrane, Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, Sadewa, lan Yamawidura. Bima
nyritakake pasatemone karo Dewa Ruci ing dhasaring samodra, lan entuk
wejanangan babagan sarining panguripan. Dewi Kunthi syukur banget, dene Bima
kasil slamet lulus saka pacoban kang abot. Dewi Kunthi banjur ngajak
putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang Maha Tunggal, supaya
kaluwarga Pandhawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan Hidayah-He.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar